Nasional Malang Hari Ini Kriminal-Kasuistika Olahraga Wisata-Kuliner Sosok Pendidikan Ekonomi-Bisnis Opini Politik-Pemerintahan

Praktik Bahasa Malangan : Kanyab Mikrolet ndek Mbatu Kadit Standar

Yudistira Satya Wira Wicaksana • Kamis, 28 Maret 2024 | 17:26 WIB
Jare Dishub Mbatu, sik kanyab mikrolet sing kadit standar
Jare Dishub Mbatu, sik kanyab mikrolet sing kadit standar

MBATU – Rodok kanyab mikrolet ambek bis-bis ndek Mbatu Malang sing kadit standar.

Sing pertama itreng iki Dishub Mbatu.

Soale, mari ngecek spek e mikrolet ambek bis liwat ram check.

Mari tail enem montor, onok sing kadit nggowo semprot geni, onok pisan sing ban e kadit standar.

Dishub ngecek iki ndek Terminal Mbatu, Senin (18/3).

Kabid Dishub Mbatu Hari Juni Susanto ngomong, ram check iku idrek bareng ambek Dishub Jatim.

Ram check iki gawe tail mikrolet-mikrolet sing atene idrek pas oyoyir.

“Iki cek gnaro-gnaro sing numpak mikrolet, talames sampek hamur,” jare Hari Juni nang koran iki.

Jarene Juni henam, sak ulan iki, Dishub wes nggawe ram check sepisan, 14 Maret wingenane.

Tapi, jarene Dishub atene nggawe ram check henam, engko cidek-cidek oyoyir.

Pas ram check sing pertama, Dishub ngecek enem montor, loro bis karo 4 mikrolet.

Dishub ngeceki surat-surat ambek printilane montor.

“Sing dicek onok lampu, rem, bodine, spion, ban karo liyan-liyane, koyok semprot geni, ban cadangan,” tuture Hari Juni.

Nah, marine diperikso iki, keruhan lek onok sing kadit standar.

Onok pisan ban mikrolet sing wis tipis koyok dompet tanggal kewut.

“Jarene sopir mikrolete, sepi penumpang sampek kadit osi tuku ban,” jarene.

Ndek Mbatu, mikrolet sing durung ketam sekitar 291.

Jarene Hari Juni, sik kanyab mikrolet sing kadit utowo durung ram check.(sif/fin)

Editor : Yudistira Satya Wira Wicaksana
#mikrolet #bahasa malangan