Nasional Malang Hari Ini Kriminal-Kasuistika Olahraga Wisata-Kuliner Sosok Pendidikan Ekonomi-Bisnis Opini Politik-Pemerintahan

Bukan Arek Malang tapi Mau Tahu Cara Pakai Walikan dengan Lancar? Belajar saja Baca Berita yang Sudah Pakai Bahasa Malangan Berikut Ini

Yudistira Satya Wira Wicaksana • Sabtu, 30 Maret 2024 | 01:00 WIB
Wiwik asal Mbareng, sing wis ladub (berangkat), digotong nakes ublem (masuk) ambulans.
Wiwik asal Mbareng, sing wis ladub (berangkat), digotong nakes ublem (masuk) ambulans.

MALANG - Rabu isuk (27/3), Wiwik Wicaksono ketok adapesan rotom (naik sepeda motor) ndek dalan Mayjen Sungkono, Arjowinangun, Kedungkandang.

Nyampek ngarepe toko Motor Surya Berkah, moro-moro nganal (pria) 45 taun iku ngowik (ke kiri) ambek atene mudun tekan adapes rotom.

Kadit suwe, gnaro (orang) iki malah njungkel terus bablas.

Wiwik ditulungi relawan ambek silup (polisi) jam 09.00.

Onok arek sing ngomong Wiwik ladub (berangkat) goro-goro tabrakan.

Tapi, jare wong nakes, Wiwik kadit onok umur mergo jantungen.

”Korban ladub goro-goro tikas (sakit). Ikut omongane saksi ambek keluargane Wiwik,” jare Kanit Gakkum Satlantas Polresta Malang Kota Iptu M. Isrofi wingi.

Hamure (rumah) Wiwik kecatet ndek Bareng Tengah, Kelurahan Bareng, Kecamatan Klojen.

Wingi isuk, Wiwik adapesan rotom Honda Vario dengan nomor polisi (nopol) N 5363 CV.

Onok wong ngomong, Wiwik ketok adapesan rodok ngebut tekan Kedungkandang nang Bululawang.

Kadit onok udan kadit onok angin, moro-moro Wiwik mandeg jegreg terus minggir nganan.

Wiwik yo sik sempat njagrag adapese.

Kadit suwe, mari jagrag, Wiwik nggeblak terus semaput.

Wong sing ndek cidek e Wiwik langsung telpon silup ambek nakes.

Tapi gurung oleh tombo, Wiwik wes ladub.

”Korban duwe tikas jantung, taunan . Pas adapesan, kiro-kiro tikase kumat,” ujar Isrofi.(fin)

Editor : Yudistira Satya Wira Wicaksana
#Arek Malang #kamus malangan #bahasa malangan